Toko kecil-kecilan

Tampilkan postingan dengan label sedulur. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label sedulur. Tampilkan semua postingan

Minggu, 28 Mei 2017

Parikan Gawe Sedulur - SMP Watulimo


Iki Crito jaman semono,
Critane kang Eko,
Crito naliko isih joko,
Crito jaman Noroyono,

Jeneng Dowo ne Eko Marwoto,
Asal teko Prigi deso,
Biyen sekolah neng SMP Watulimo,
Duwe guru jeneng e pak Juwito,

 Kocap kacarito,
 Pak Juwito durung duwe opo2

Yen budhal ngajar mesti nempel,
Nempel kang eko numpak sepedha onthel,

Arep nolak,
ora penak,

Saben dino
kok kaningoyo,

Kang Eko mung mbatin,
Senajan to atine yo prihatin,
Sik penak di nunuti Abu Sobiin
Paling penak mbonceng yu Maryatin,

Dasar murid, ora wani protes,
Senajan saben dino kringete netes,
Demi gengsi tetep ngaku tahes,
Padahal tekan ngomah mesti cekelan kenthes,

Yen sepedhaan sering bareng Ani,
Ani numpak sepedha jengki,
Rante ne jarang di oleni,
Ani terkenal arek e seneng voli,

Jare Eko, Ani kuwi tinggi semampai,
Senyum aduhai,
Duwe lesung pipi,
Wajah yang menarik hati,

Yen gawe rok pramuka,
Perasaan kelihatan dewasa,

Pak Juwito duwe hobi antik,
Yen ono murid salah mesti di “SUNTIK”
Ora peduli Sutik,
Lilik opo Tutik,

Sing disuntik mesti milih,
Ngati lorone tekan telih,
Tetep kroso nnti wayah mulih,
Nganti saiki rasane durung pulih,

 Kang Eko jan pegel,
Anyel,
Bin mangkel,
Lan ngedumel

Urusan suntik, kang eko yo oleh jatah,
Senajan wis ngaku salah,
Urusan bocah,
Tetep ora berubah

Sing nggonceng saben dino,
Tetep ora ono sepuro,
Tetep oleh jatah suntik koyo bocah liyo
Wong iki njaluk di apakno,

 Mulo Eko crito neng Saniran,
Saniran wong pinter tenanan
Dudu pinter guyonan,
Kabukten neng OSIS dheweke dadi pimpinan,

Bedo karo sabilan,
Jaman semono jan dadi pemuda idaman,
Senajan isik ingusan,
Ning wis wani pacaran,

Embuh pacar temenan,
Utowo pacar silihan,
Pancen Sabilan duwe rupo sing rupawan,
Sampe ono guru praktek sing poyang-payingan

Ning Saniran ora aweh tanggepan,
Amung kondho “selesaikan secara Jantan”
Jawaban sing diluar dugaan
Opo dipikir Eko iki binatang piaraan?

Saiki kari crito,
Kabeh podho bloko,
Crito sing mung kari kondho,
Crito teko jaman Noroyono,


 #monggo

Sabtu, 11 Desember 2010

REUNI SMA SIJI

Wis udokoro 20 tahun suwene,
Aku ora menangi rupane,
Ora nate ngambah latare,
Opo maneh mlebu neng ruangane,

Rong puluh tahun sing kebak crita,
Wis akeh berubah neng polatane konco-konco,
Sing biyen krembis saiki katon pidekso
Sing biyen mung nunut konco saiki wis sugih bandha,

Rong puluh tahun kepungkur,
Naliko samubarang sik angel di ukur,
Naliko sik durung ngerteni rasa syukur,
Yen pas mbayar SPP akeh sing di rewangi kukur-kukur,

Rong puluh tahun sing kebak crito lawas
Ono sing duwe crito karo konco sekelas,
Ono ugo crito sing melas,
Ugo ono crito sing rodok panas,
Sing kabeh ora bakal iso ilang blas,

Ora iso di pungkiri,
Lan ora iso diselaki,
Yen to awake kabeh nate di didik neng sekolah iki,
Nganti saiki wis akeh sing dadi,

Dadi wong kang migunani,
Migunani gawe nusa bangsa, kantor, pabrik lan famili,
Akeh sing dadi Abdi negoro alias Pegawai Negri,
Malah ono sing dadi Bupati, Polisi, ugo politisi,
Akeh sing duwe usaha pribadi,
Ono sing dadi Ustadz, guru ngaji, lan kyai,
Mugo-mugo ora ono sing dadi Mucikari,
Dadi pencuri, opo maneh tukang Judi,

Matur suwun kanggo guru-guruku,
Kanthi sabar tansah ndidik aku,
Ndidik kanthi rasa asih tanpa ono roso nesu,
Kabeh supoyo dadi wong migunani sing di tuju,

SMA ku,
Kangenku tansah kanggo sliramu,
Mongkog, senengku tansah melu,
Senajan ora kewetu,
Senajan langit wis ora biru,
Sliramu tetep sekolahku,

SMA siji,
Senajan wus watara pirang puluh sasi,
Akeh sing ora nate ketemu isone mung saling janji
Dino lebaran tahun iki,
Konco –konco ngrancang Reuni,
Reuni sing iso nyambung tali silaturohmi,
Reuni kanggo nglumpukne konco sing saiki neng ngendi –ngendi,
Acarane Bakal digelar neng Hotel Hayam Wuruk sing di Pandegane mas Muyani,
Gampange Hotel sing panggonane neng pertokoan Lor Kali,
Acara mulai isuk ora nganti bengi,
Sing penting tetep liwat jam siji,
Olehe teko oleh ngajak suami, anak lan istri,
Oleh bojo sah utowo bojo siri,
Mugi-mugi kathah ingkang saged ngestreni

Amiiin

Monggo konco sami rawuh,
Ora usah sungkan ora usah pekewuh,
Iso digawe nambani kangen sing 20 tahun ora dho weruh,
Iki mono netepi silaturohmi ing Qur’an lan Hadist sing dhawuh,
Ben kabeh tetep iso saling sopo aruh,
Olehe teko oleh nggawa anak asuh,
Ugo oleh nggawa bojo wayuh,
Yen ora teko sing penting melu urun butuh,
Yen nganti biayane ora nutup ...yo.... byuh...byuh...
Panitia mung kari sambat ngeluh.....

WAAAAADUUUUUUUUHHHHHHH
(ning ora oleh misuh-misuh)

Nostalgila SMA

Naliko dhik jaman semono,
Aku sekolah neng Nggalek kutho,

Duwe crito sing ora nate tak muat neng buku,
Ning tau tak muat neng milis SMA Satu,
Crito sing dadi wadi antarane dheweke lan aku,
Naliko aku kelas telu,

Ing acara gelar seni,
Mengeti Dirgahayu RI,
Acarane maneko warni,
Ono lomba puisi, seni tari ugo lomba nyanyi,
Sing dadi penyanyi Mbak Rina Widyawati,
Ugo ono Kris Cahya Karunia Wati
Sing lanang ono Singgih Wahyudi,

Di kancani karo Maria Corlina Thenu,
Sing waktu kuwi awakke sik kuru,



Aku kajibah melu dadi penyegar
Melu vokal group ditugasi nyekel gitar,
Meh saben dino diajari karo Mas Nova sing kawentar,
Kawentar pinter main gitar ning ora nate kowar-kowar,

Acara lombane pas malem Minggu,
Iki biasane malem pas gawe mertamu,
Aku macak siap tampil ngiringi lagu,
Kabeh ugo siap tampil tanpo ragu,

Konco sak kelas wis siap dadi suporter,
Lungguh jejer rapi ono sing gawe sleyer,
Ugo ono sing kaet teko nggawa sepedha motor sing di bleyer-bleyer,
Supoyo sing bertanding semangat lan oleh nomer,

Ono sawijining kenyo sing ora nyongko yen iso teko,
Soale omahe rodo adoh teko kutho,
Ning ora keno diarane omahe ndeso,
Teko kanthi praupan sumunar persis mbulan purnomo,

Ora sithik sing nyedhak golek perhatian,
Karo sithik – sithik nglirik dipadhangi sorote mbulan,
Ora peduli konco kelas ugo teko kelas liyan,
Akeh sing kepingin iso sak pejagong karo kenyo idaman,

Ning dilalahe,
Dheweke malah ngajak aku,
Ngajak jagongan bab njupuk neng parkiran sepedha motore,
Kepekso aku ngancani njupuk motore karo mlaku,

Rasane jiiiian bejo,
Oleh kanugrahan sing tanpo upomo,
Ngancani mlaku kenyo sing ora nate tak songko,
Aku iso mlaku bareng senajan to mung sedelo,

Karo mlaku dheweke nantang aku,
Nantang yen Lombane kudu nomer satu,
Yen nomer satu aku oleh hadiah khusus sak njalukku,
Sing penting murah lan mampu dituku,

Aku setuju,
Aku njaluk hadiah kanthi ragu,
Soale ora perlu tuku, ’ning opo kowe mampu?’
Wong iki mono hadiah khusus teko kenyo ayu,

Dheweke manthuk tandha gelem,
Gelem karo penjalukku,
Senajan penjalukku arupo pipi kiwo lan tengen,
Sajak kanthi abot dheweke manthuk karo kondho ’Sakkarepmu, asal kowe nomer satu ’,

Karo mlaku dheweke mesem ngujiwat,
Ora kroso yen mlaku ing ndalan sing kebak kendaraan lewat,
Ora krasa yen urip isik mlarat,
Arep ngliwet ae direwangi ngenteni duit zakat

Rong lagu di gelar, konco sak kelas podho surak,
Lagu Gebyar-gebyar lan lagu ”Saputangan dari Bandung selatan”,
Di nyanyekne karo sak group kanthi kompak,
Musik werno-werno mulai pop, jazz nganti dangdutan,

Kabeh mudhun teko panggung kanthi roso nikmat,
Konco sak kelas podho ngumpul terus salaman,
Kari ngenteni pengumumane dewan Juri sing terhormat,
Akhire kabeh mulih kanthi tetep nunggu pengumuman,

Dino senen sing tunggu,
Pengumuman lomba teko dewan Juri sing anggotane Guru-guru,
Ora ngiro temenan aku,
Kelasku oleh nomor satu,
Kabeh sak kelas wis krungu,
Aku terus kondho karo kenyo iku,
Piye karo janjimu?
Kelase wis nomer satu,
Opo aku oleh hak njaluk hadiahku?
Dheweke mung tersipu-sipu,
Aku ora ngerti opo iki sing di arani isin alias malu,

Nggarahi ati ora wani maju,
Ndadekni ati mandheg mangu,
Saiki critane wis wayu,
Diangggep ae crita masa lalu.

Saiki kenya ayu kiro-kiro wis duwe anak telu ,
Wis suwe ora penah ketemu,
Mugo-muga wanito ora nesu,
Yen nesu engko malah ngerti kabeh koncomu,

Aluwung meneng wae karo ngguya-ngguyu,
Yen konangan iso di seneni bu Guru..
Mugo-mugo bar muat iki ora gegeran karo bojoku
Timbang gegeran angur bubuk alias turu....

DHINGKLIK

Jare wong jowo singkatan sing ora pati becik

"Yen pengin mledhing kudu ingklik”,

Iki lungguhane Wong cilik,

Kursi sing ora iso molak-malik,...

Ning iso di gawe njagong yen karo nggoreng kripik,

Nggawene perlu paku jumlahie mung sithik,

Biyen lungguhan ngene iki yo di gawe pak Carik,

Yen wong sugih akeh sing ndelok ae suthik,

Neng yen digawe longguh bocah cilik,

Iso-iso tibo njungkir walik,

Udel bodong cothol pitik,

Hik..hik..hik..hik...
Iki critane koncoku sinarawedi,
Sing asale teko Ngawi,
(Sik aku kok bingung yo…. Opo tekan Pati?)
Kutho cilik ning Asri,
Diceluk wae jenenge Peni,
Soale tibake akeh sing gelem ngopeni,
Kuliah neng cedhek jurusan Akutansi,
Eh… opo jurusan administrasi ….
Kok aku rodok lali,
Sing jelas iki putri,
Dilairne teko keluarga ABRI
….eh.. saiki dadi TNI,
Mulane duwe disiplin tinggi,

Biyen pas kuliah bocahe kuru,
Nyandhang penganggo ora nate mbuka bahu,
Areke jarang metu,
Sregep sinau,
Ben kuliahe enggal rampung kanthi IP telu,
Ben ngenthengne Bapak Ibu,
Ben ora akeh-akeh olehe ngentekne sangu,

Saiki wis dadi ibu-ibu,
Kabar terakhir anake wis meh telu,
Duwe bojo gagah ganteng tur gedhe dhuwur memper aku….
(…he..he…he… ora oleh maelu,
…yen protes mbayar satus ewu….)

Nyambut gawe neng Jakarta sing banjir meh ben minggu,
Nyambut gawe neng Bank Gedhe neng Pasar Baru,

Naliko kuliah neng Malang manggon neng kos-kosan,
Kos-kosan daerah Brawijaya sebelah wetan,
Duwe crito yen pernah kenalan,
Kenal arek lanang pacare koncone sak jurusan,
Lha kok si Peni malah bingung ora karuan,

Liyo dino Peni ketemu maneh pas arep tuku panganan,
Ketemu maneh rasane jantung dadi deg-degan,
Ketemune pas neng jalan Mayjen Panjaitan,
Kanthi rodo ragu si Peni nyopo terus salaman,
‘mas lha kok dhewean?’
‘Endi pacare sampeyan?’
Kanthi entheng si bocah lanang njawab slenge’an,
‘ Tak glethakne kos-kosan ben aku oleh maneh gandhengan’,
Edan…edan….
Kok jawabe nggarahi atine Peni dadi blingsatan,
Mergo sungkan,
Si Peni mung mbatin ‘pasti suatu saat kamu akan aku dapatkan’

Si bocah lanang celuk wae jenenge Supangat,
Tibake wong sing punya harkat dan martabat,
Duwe wong tuwo dadi pejabat,
Pejabat sing sungkani karo rakyat,
Yen budhal kuliah Supangat sering nggawe roda papat,
Sing kanggoku barang sing ora terbayang meski nganti kiyamat,
Wah pokoke keluargane pancen hebat,

Supangat kuliah neng kampus biru,
Sak angkatan karo aku,
Yen kuliah aku jarang ketemu,
Soale yen dheweke jajan Es teller aku mung trimo jajan jamu.

Critane saiki wis bedo,
Si peni wis dudu kenyo,
Semono ugo Supangat yo dudu Joko,
Kabeh wis duwe kulawarga,
Si Supangat malah anake wis tigo,
Supangat saiki wis urip mulyo,
Dadi manager-e pabrik lengo,
Uripe sugih bondho donya,
Ning uripe ora maneh neng Jawa,
Ning neng Negara liya,
Neng negoro sing lambange gambar singo

Wingi tahun rongewu wolu,
Wong loro wis mulai ketemu,
Peni sing tambah ayu,
Dedeg piyadeg-e tambah mateng masiyo wis dadi ibu,
Yen mesem akeh wong sing kepingin melu,
Ora peduli wis duwe anak telu.
Semono ugo Supangat , tambah kangen alias rindu,

Pas ono dines alias nganggo tiket gratisan,
Peni karo Supangat nuli janjian,
Ketemu neng tempt sing dirahasiakan,
Dalam waktu dan jam yang sudah di tentukan,
Mulo wong loro nuli kangen-kangenan.
Crito ngalor ngidol berduaan,

Ono sambungane

Sabtu, 04 September 2010

Pitutur Gawe Sedulur – Ojo Neko-neko

Siro lair ono donya,
Ora nggawa apa-apa,
Ugo ora ngerti apa-apa,
Mula iku ngrumangsanono,

Urip kudu duwe cekelan,
Yen boso keren-e kudu duwe pedoman,
Pedoman sing duwe jaminan,
Jaminan urip slamet donya lan urip neng alam kelanggengan,
Mulane kudu manut dhawuhe Pangeran

Bondho donya iso lungo,
Pangkat iso oncat,
Drajat iso minggat,
Kabeh mau amung titipan soko ngarsane Pangeran,

Urip neng donya ojo neko-neko,
Yen urip mulyo mbok yo sing prasojo,
Iman lan taqwa gondhelono,
Amal sholeh lakonono,
Nganti oncat nyawa iro,

Yen Urip siro ora sampurno,
Ugo urip kurang mulyo,
Ojo nutuh lan ojo ngresulo,
Tetep kudu dilakoni kanthi ikhlas ing roso
Ojo ulap marang gebyare donya,
Gebyar sing sering gawe ulap mata,

Tansah Syukur neng ngarsane Pangeran,
Dene kok isih di paringi penguripan,
Isih diparingi oksigen sing gratisan,
Coba dietung kudu mbayar piro yen ono tarikan
Iso-iso dodol omah kontrakan....

Senin, 23 Agustus 2010

Pitutur Gawe Sedulur – Tiket

Iki wulan Romadhon alias wulan poso
Wulan sing di mulyaknye dening kang Maha Kuoso
Riyoyo sedelo maneh wis teko,
Akeh sing wis siap sediyo
Ugo akeh sing wis noto jajan neng mejo,

Sing neng adoh paran mulai uber-uberan,
Kabeh pengin riyayan,
Riyayan neng tanah kelahiran,
Ora ketang entek-entekan,
Duit THR ugo duit Gajian,
Yen kurang yo golek utangan,

Tiket pesawat regane keliwat-liwat,

Tiket kapal laut sopo wae iso katut,
Yen wis numpak akeh sing mrengut,

Tiket sepur regane angel di ukur,
Iki wis kesuwur mergo iso di atur,
Kawo wong ngisor ugo wong ndhuwur.

Tiket bis antrine ora uwis-uwis,
Ono jurusan semarang utawa Ciamis,

Tiket Neroko regane larang,
Nanging anehe sing seneng pirang-pirang
Tumindak dosa sak dalan-dalan,
Iku tandhane godhane setan,
Ngajak menungso neng dalan kasengsaran,

Suwargo tansah mengo lawange,
Dicawisne kanggo sopo wae,
Sok sopo sing kuat imane,
Lan becik nalar lan atine,
Rikolo urip neng alam donyane

Tiket suwargo regane murah,
Nanging anehe akeh sing wegah
Tumindak becik akeh godhane,
Lan akeh sing abot nindakne,

Pitutur Gawe Sedulur – Nutup Aurot

Iki pitutur gawe para wanita,
Murih uripe mulya,
Kalis sing sambikala,
Naliko urip ing alam ndonya,

Kanthi pangajap ugo mulyo
neng jaman kono

Menawa siro lelungan,
Amrih aman teko godhane setan,
Ojo lali tansah kudungan,
Ojo mung digawe yen budhal pengajian,

Tindak kantoran yo kudu tetep jilbaban,
Iku tandane wong iman,
Ugo di gawe yen budhal sekolah,
Iki salah sijine tanda wong solihah,

Iki tuntutunan agama,
Mugo kabeh lakonono,
Dening awak iro lan sak kalawarga,
Ben kalis teko siksa geni ne neroko

Iki mono dhawuhe Pangeran,
Sing ditulis neng Al Qur’an
Yen percoyo monggo
Yen ora dipercoyo kyaine ora dosa

Sing penting kyai wis ngelingne,
Yen ono opo-opo tanggungen dhewe


Sampun.......

Senin, 07 Desember 2009

Pitutur Gawe Sedulur - Part XI

Amenangi mosek'ing bumi,
menungso lali marang titahing Gusti
lan dhawuhe Kanjeng Nabi,
luwih nggugu tipi tinimbang pituture kyai,
luwih seneng nonton Miyabi tinimbang ngaji,
Kitab Suci mung kanggo hiasan lemari...
Institusi kanggo brantas korupsi,
KPK lan polisi, podho congkrah rebutan rai,
wus podho lali yen kabeh bakale mati,
amarga naliko sekolah ra diwulang budi pekerti,
kawulo alit mung mbrebes mili,....
Bocah2 saiki isih cilik wis podho brai,
yen dolan mulihe podho wengi,
marang wong tuwo ora ngajeni,
malah kadhang kumowani,

Ealah jamane wus edan,
koran lan ramalan luwih dipercoyo tinimbang Al Qur'an,
wong wadon wis lali pupuran,
wong lanang podho anting-antingan,
tante2 lan om-om podho duwe simpenan....
yen konangan jenenge selingkuh yen ora jenenge selingan,
bocah sekolah akeh sing ra prawan,
Menungso wis ra ono bedane karo setan,
Yen ra melu edan jarene ra kumanan,
Bocah sekolah gaweane mung tawuran, pacaran,
lan mbolosan,
Yen wis iso mabuk jare jempolan,
yen wis tau congkrah jarene jagoan,

Dhawuhe guru ora dipaelu,
Jarene guru digugu lan ditiru,
nanging ugo ono guru sing wagu tur saru,
Murid-muride dikongkon nyumbang jarene nggo tuku buku,
kasunyatane nggo tuku glugu,
yen ora gelem iso ra entuk sinau,
ning mboten sedoyo sing ngoten nikuuuu,

Mugo2 sedoyo isih diparingi eling,
mikire sing bening-bening,
mugo2 isih mangerteni pigunane uteg lan kuping,
yen ngendikan ora koyo lambe guwing,
yen mikir mboten kados maling,
yen tumindak kanthi pamikir wening,

Santen gulane klopo,
cekap semanten atur kawulo,




Anggitane mas Gepeng

Jumat, 04 Desember 2009

Pitutur gawe Sedulur - Part X

Duh Gusti kulo nyuwun lumunture sih Panjengan,
Dosa-dosa kulo kathahe mboten kantenan,
Asring sanget kulo ninggal kewajiban,
Kewajiban ingkang kedah dipun lampahi damel alam kelanggengan

Wayah jama’ah Subuh
Kula mulai ewuh,
Siap-siap badhe budhal pados butuh,
Kadang sampun siang kulo mboten weruh,
Sholat subuh........?? yo embuh

Wayah sholat dhuhur,
Kula wonten sawah taksih ewuh tandur,
Nggarap sawahe sedulur,
Kersane yen panen urip kulo saget makmur,

Wayah adzan ashar,
Kulo taksih wonten pasar,
Kadhang ngantos lali lek menungso bakale modar,
Asring kesupen kalih Dzat Ingkang Ghofar,

Wayah sholat maghrib,
Kulo taksih sekeco anggen kulo ngarit,
Kersane ingon-ingon kulo tetep urip,
Asring kulo ngalekne sing nyiptakne huruf Alif,

Adzan jama’ah Isya’
Kula repot ngajari anak,
Kersane uripe mnagke mulyo lan kepenak,
Tobat...tobat,

Duh Gusti duh Pangeran,
Kulo taksih nguber seneng kadonyan,
Mboten nate kulo nekani pengajian,
Mboten nate kulo ngrewes ajakan dateng kebajikan,

Wayah Adzan subuh kula taksih wonten dipan
Aras-arasen amerga karipan,
Kulo ajrih lek tangi enjing saget ngganggu kesehatan,

Wayah adzan duhur kulo taksih megawe wonten tegalan,
Kulo sibuk ngurus taneman,
Badhe sholat eman-eman badan lan rasukan kebak kotoran,

Wayah adzan ashar kulo taksih gayeng jagongan,
Kalih konco lan tonggo kiri kanan,
Eman-eman menawi sholat kulo mboten kebagean,
Wedi kelangan lek wonten dum-duman ganti rugi gusuran,

Wayah sholat magrhib kulo taksih ewuh nyiapne makanan,
Damel njaga kesehatan wonten urip bebrayan,
Kulo mboten purun keluarga kulo kurang gizi terus dados pawarto koran

Sholat Isya kulo taksih nyiapne rasukan,
Damel nekani wonten undangan,
Wonten undangan mantenan lan undangan sunatan,
Eman-eman lek mboten dugi mboten kebagian kerdusan.

Oh gusti oh Ingkang Murbeng Dumadi,
Mugi-mugi panjenengan tansah paring pangaksami,
Dateng kawulo ingkang dhoib niki,
Kulo taksih pengin lelaku utami,
Kulo taksih niyat munggah kaji,
Dateng tanah Suci,
Ingkang dipun anjuraken kaliyan kanjeng Nabi,

Duh Gusti duh Pangeran Ingkang Maha Wikan,
Mugi-mugi panjenengan tansah paring pangapura penjenengan,
Saben dinten kulo ngresulo kados tiyang ingkang mboten nriman,
Kamangka rahmat Panjenengan
Kathah sampun mboten wilangan,

Duh gusti ingkang Ghofar,
Mugi-mugi panjenengan nebihne kawulo saking sifat nasar,
Tinebihno saking omongan lan lelaku kasar,
Sampun ngantos keimanan kulo bubar,
Mugi Panjenengan tansah maringi kulo ageman sabar,

Amiiiiiin... ya robbal ’alamin

Kamis, 12 November 2009

Pitutur gawe Sedulur - Part IX

Ojo dupeh kowe kuwasa,
Terus solahmu dadi kumawasa,
Ngelingono yen kowe ora kuwasa,
Mangan enak ae malah ora kerso.

Ojo dupeh kowe iso nahan,
Ugo duwe hak penyidikan,
Terus nggampangke uwong dilebokne neng tahanan,
Elingono yen kowe salah sasaran
Iso-iso kowe dhewe sing mlebu pakunjaran

Ojo dupeh kowe duwe bala akeh,
Terus rumangsa kabeh kelakuanmu mesti beneh,
Elingono yen wis ora njabat maneh,
Kadangkala disawang tangga dadi wong aneh

Ojo dupeh kowe penggedhe lan duwe posisi,
Mrono-mrene nggawa amunisi,
Terus kekancan karo pelaku korupsi,
Mrono mrene tumpakanmu mobil mercy,
Gawe hP apik merk blekbery
Apes-apese gawe Nokia seri E pitu siji
Jarene koran oleh dana teko Bank Century,
Ugo jarene uwong yen lagi diskusi,
Ning emoh ngakoni yen kuwi laku korupsi,
Malah golek pawadan ben KPK iso mlebu bui,
Syukur-syukur lek KPKne iso diberesi,
Ben ora ono sing ngribeti,
Ugo ora ana sing kgurusi,
Sing penting iso kongsi,
Lan iso terus nambah komisi,

Elingo piwalese Kang Maha Adil,
Kowe pancen saiki lagi nyekel bedhil,
Ning elingono yen nganti kliru urusanmu karo malaikat Mikail,
Yen nyoto salah ragamu iso di cuil-cuil,
Nganti cilik kaya upil,
Kalah mulyo karo urip lan matine si kancil

He..he..he....