Hari berbangkit, hari yang pasti ‘kan datang, kawan
Di hari itu semua amal diperlihatkan
Hari berbangkit, hari yang teramat mendebarkan
Di hari itu pahala dan dosa diperlihatkan
Di hari itu hiruk-pikuk memecah telinga
Semua manusia gundah-resah dengan urusannya
Di hari itu sang ibu lari dari anaknya
Tak seorang pun yang dapat menolong sesamanya
Cukup sudah Tuhan memperingatkan
Tentang hari peradilan
Tak ‘kan luput sedebu perbuatan
Semua diperhitungkan
Mengapakah tidak kaupersiapkan
Bekal hari yang mencekam
Tiap nafas hanya kaupergunakan
Cuma untuk keduniaan
Selagi masih ada kesempatan
Tobatlah dan beriman
Bila nyawa sudah di kerongkongan
Tertolak penyesalan
Di hari itu harap dan cemas melanda jua
Menanti saat diputuskan keadilan Tuhan
Di hari itu banyak wajah yang tertunduk hina
Kecut dan getar karena diri berlumuran dosa
Celaka, celaka, bagi siapa yang suka mengingkarinya
Celaka, celaka, bagi siapa yang suka berbuat dosa
Toko kecil-kecilan
Tampilkan postingan dengan label pitutur. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label pitutur. Tampilkan semua postingan
Senin, 31 Januari 2011
Sabtu, 11 Desember 2010
REUNI SMA SIJI
Wis udokoro 20 tahun suwene,
Aku ora menangi rupane,
Ora nate ngambah latare,
Opo maneh mlebu neng ruangane,
Rong puluh tahun sing kebak crita,
Wis akeh berubah neng polatane konco-konco,
Sing biyen krembis saiki katon pidekso
Sing biyen mung nunut konco saiki wis sugih bandha,
Rong puluh tahun kepungkur,
Naliko samubarang sik angel di ukur,
Naliko sik durung ngerteni rasa syukur,
Yen pas mbayar SPP akeh sing di rewangi kukur-kukur,
Rong puluh tahun sing kebak crito lawas
Ono sing duwe crito karo konco sekelas,
Ono ugo crito sing melas,
Ugo ono crito sing rodok panas,
Sing kabeh ora bakal iso ilang blas,
Ora iso di pungkiri,
Lan ora iso diselaki,
Yen to awake kabeh nate di didik neng sekolah iki,
Nganti saiki wis akeh sing dadi,
Dadi wong kang migunani,
Migunani gawe nusa bangsa, kantor, pabrik lan famili,
Akeh sing dadi Abdi negoro alias Pegawai Negri,
Malah ono sing dadi Bupati, Polisi, ugo politisi,
Akeh sing duwe usaha pribadi,
Ono sing dadi Ustadz, guru ngaji, lan kyai,
Mugo-mugo ora ono sing dadi Mucikari,
Dadi pencuri, opo maneh tukang Judi,
Matur suwun kanggo guru-guruku,
Kanthi sabar tansah ndidik aku,
Ndidik kanthi rasa asih tanpa ono roso nesu,
Kabeh supoyo dadi wong migunani sing di tuju,
SMA ku,
Kangenku tansah kanggo sliramu,
Mongkog, senengku tansah melu,
Senajan ora kewetu,
Senajan langit wis ora biru,
Sliramu tetep sekolahku,
SMA siji,
Senajan wus watara pirang puluh sasi,
Akeh sing ora nate ketemu isone mung saling janji
Dino lebaran tahun iki,
Konco –konco ngrancang Reuni,
Reuni sing iso nyambung tali silaturohmi,
Reuni kanggo nglumpukne konco sing saiki neng ngendi –ngendi,
Acarane Bakal digelar neng Hotel Hayam Wuruk sing di Pandegane mas Muyani,
Gampange Hotel sing panggonane neng pertokoan Lor Kali,
Acara mulai isuk ora nganti bengi,
Sing penting tetep liwat jam siji,
Olehe teko oleh ngajak suami, anak lan istri,
Oleh bojo sah utowo bojo siri,
Mugi-mugi kathah ingkang saged ngestreni
Amiiin
Monggo konco sami rawuh,
Ora usah sungkan ora usah pekewuh,
Iso digawe nambani kangen sing 20 tahun ora dho weruh,
Iki mono netepi silaturohmi ing Qur’an lan Hadist sing dhawuh,
Ben kabeh tetep iso saling sopo aruh,
Olehe teko oleh nggawa anak asuh,
Ugo oleh nggawa bojo wayuh,
Yen ora teko sing penting melu urun butuh,
Yen nganti biayane ora nutup ...yo.... byuh...byuh...
Panitia mung kari sambat ngeluh.....
WAAAAADUUUUUUUUHHHHHHH
(ning ora oleh misuh-misuh)

Nostalgila SMA
Naliko dhik jaman semono,
Aku sekolah neng Nggalek kutho,
Duwe crito sing ora nate tak muat neng buku,
Ning tau tak muat neng milis SMA Satu,
Crito sing dadi wadi antarane dheweke lan aku,
Naliko aku kelas telu,
Ing acara gelar seni,
Mengeti Dirgahayu RI,
Acarane maneko warni,
Ono lomba puisi, seni tari ugo lomba nyanyi,
Sing dadi penyanyi Mbak Rina Widyawati,
Ugo ono Kris Cahya Karunia Wati
Sing lanang ono Singgih Wahyudi,
Di kancani karo Maria Corlina Thenu,
Sing waktu kuwi awakke sik kuru,
Aku kajibah melu dadi penyegar
Melu vokal group ditugasi nyekel gitar,
Meh saben dino diajari karo Mas Nova sing kawentar,
Kawentar pinter main gitar ning ora nate kowar-kowar,
Acara lombane pas malem Minggu,
Iki biasane malem pas gawe mertamu,
Aku macak siap tampil ngiringi lagu,
Kabeh ugo siap tampil tanpo ragu,
Konco sak kelas wis siap dadi suporter,
Lungguh jejer rapi ono sing gawe sleyer,
Ugo ono sing kaet teko nggawa sepedha motor sing di bleyer-bleyer,
Supoyo sing bertanding semangat lan oleh nomer,
Ono sawijining kenyo sing ora nyongko yen iso teko,
Soale omahe rodo adoh teko kutho,
Ning ora keno diarane omahe ndeso,
Teko kanthi praupan sumunar persis mbulan purnomo,
Ora sithik sing nyedhak golek perhatian,
Karo sithik – sithik nglirik dipadhangi sorote mbulan,
Ora peduli konco kelas ugo teko kelas liyan,
Akeh sing kepingin iso sak pejagong karo kenyo idaman,
Ning dilalahe,
Dheweke malah ngajak aku,
Ngajak jagongan bab njupuk neng parkiran sepedha motore,
Kepekso aku ngancani njupuk motore karo mlaku,
Rasane jiiiian bejo,
Oleh kanugrahan sing tanpo upomo,
Ngancani mlaku kenyo sing ora nate tak songko,
Aku iso mlaku bareng senajan to mung sedelo,
Karo mlaku dheweke nantang aku,
Nantang yen Lombane kudu nomer satu,
Yen nomer satu aku oleh hadiah khusus sak njalukku,
Sing penting murah lan mampu dituku,
Aku setuju,
Aku njaluk hadiah kanthi ragu,
Soale ora perlu tuku, ’ning opo kowe mampu?’
Wong iki mono hadiah khusus teko kenyo ayu,
Dheweke manthuk tandha gelem,
Gelem karo penjalukku,
Senajan penjalukku arupo pipi kiwo lan tengen,
Sajak kanthi abot dheweke manthuk karo kondho ’Sakkarepmu, asal kowe nomer satu ’,
Karo mlaku dheweke mesem ngujiwat,
Ora kroso yen mlaku ing ndalan sing kebak kendaraan lewat,
Ora krasa yen urip isik mlarat,
Arep ngliwet ae direwangi ngenteni duit zakat
Rong lagu di gelar, konco sak kelas podho surak,
Lagu Gebyar-gebyar lan lagu ”Saputangan dari Bandung selatan”,
Di nyanyekne karo sak group kanthi kompak,
Musik werno-werno mulai pop, jazz nganti dangdutan,
Kabeh mudhun teko panggung kanthi roso nikmat,
Konco sak kelas podho ngumpul terus salaman,
Kari ngenteni pengumumane dewan Juri sing terhormat,
Akhire kabeh mulih kanthi tetep nunggu pengumuman,
Dino senen sing tunggu,
Pengumuman lomba teko dewan Juri sing anggotane Guru-guru,
Ora ngiro temenan aku,
Kelasku oleh nomor satu,
Kabeh sak kelas wis krungu,
Aku terus kondho karo kenyo iku,
Piye karo janjimu?
Kelase wis nomer satu,
Opo aku oleh hak njaluk hadiahku?
Dheweke mung tersipu-sipu,
Aku ora ngerti opo iki sing di arani isin alias malu,
Nggarahi ati ora wani maju,
Ndadekni ati mandheg mangu,
Saiki critane wis wayu,
Diangggep ae crita masa lalu.
Saiki kenya ayu kiro-kiro wis duwe anak telu ,
Wis suwe ora penah ketemu,
Mugo-muga wanito ora nesu,
Yen nesu engko malah ngerti kabeh koncomu,
Aluwung meneng wae karo ngguya-ngguyu,
Yen konangan iso di seneni bu Guru..
Mugo-mugo bar muat iki ora gegeran karo bojoku
Timbang gegeran angur bubuk alias turu....

DHINGKLIK
Jare wong jowo singkatan sing ora pati becik
"Yen pengin mledhing kudu ingklik”,
Iki lungguhane Wong cilik,
Kursi sing ora iso molak-malik,...
Ning iso di gawe njagong yen karo nggoreng kripik,
Nggawene perlu paku jumlahie mung sithik,
Biyen lungguhan ngene iki yo di gawe pak Carik,
Yen wong sugih akeh sing ndelok ae suthik,
Neng yen digawe longguh bocah cilik,
Iso-iso tibo njungkir walik,
Udel bodong cothol pitik,
Hik..hik..hik..hik...

Iki critane koncoku sinarawedi,
Sing asale teko Ngawi,
(Sik aku kok bingung yo…. Opo tekan Pati?)
Kutho cilik ning Asri,
Diceluk wae jenenge Peni,
Soale tibake akeh sing gelem ngopeni,
Kuliah neng cedhek jurusan Akutansi,
Eh… opo jurusan administrasi ….
Kok aku rodok lali,
Sing jelas iki putri,
Dilairne teko keluarga ABRI
….eh.. saiki dadi TNI,
Mulane duwe disiplin tinggi,
Biyen pas kuliah bocahe kuru,
Nyandhang penganggo ora nate mbuka bahu,
Areke jarang metu,
Sregep sinau,
Ben kuliahe enggal rampung kanthi IP telu,
Ben ngenthengne Bapak Ibu,
Ben ora akeh-akeh olehe ngentekne sangu,
Saiki wis dadi ibu-ibu,
Kabar terakhir anake wis meh telu,
Duwe bojo gagah ganteng tur gedhe dhuwur memper aku….
(…he..he…he… ora oleh maelu,
…yen protes mbayar satus ewu….)
Nyambut gawe neng Jakarta sing banjir meh ben minggu,
Nyambut gawe neng Bank Gedhe neng Pasar Baru,
Naliko kuliah neng Malang manggon neng kos-kosan,
Kos-kosan daerah Brawijaya sebelah wetan,
Duwe crito yen pernah kenalan,
Kenal arek lanang pacare koncone sak jurusan,
Lha kok si Peni malah bingung ora karuan,
Liyo dino Peni ketemu maneh pas arep tuku panganan,
Ketemu maneh rasane jantung dadi deg-degan,
Ketemune pas neng jalan Mayjen Panjaitan,
Kanthi rodo ragu si Peni nyopo terus salaman,
‘mas lha kok dhewean?’
‘Endi pacare sampeyan?’
Kanthi entheng si bocah lanang njawab slenge’an,
‘ Tak glethakne kos-kosan ben aku oleh maneh gandhengan’,
Edan…edan….
Kok jawabe nggarahi atine Peni dadi blingsatan,
Mergo sungkan,
Si Peni mung mbatin ‘pasti suatu saat kamu akan aku dapatkan’
Si bocah lanang celuk wae jenenge Supangat,
Tibake wong sing punya harkat dan martabat,
Duwe wong tuwo dadi pejabat,
Pejabat sing sungkani karo rakyat,
Yen budhal kuliah Supangat sering nggawe roda papat,
Sing kanggoku barang sing ora terbayang meski nganti kiyamat,
Wah pokoke keluargane pancen hebat,
Supangat kuliah neng kampus biru,
Sak angkatan karo aku,
Yen kuliah aku jarang ketemu,
Soale yen dheweke jajan Es teller aku mung trimo jajan jamu.
Critane saiki wis bedo,
Si peni wis dudu kenyo,
Semono ugo Supangat yo dudu Joko,
Kabeh wis duwe kulawarga,
Si Supangat malah anake wis tigo,
Supangat saiki wis urip mulyo,
Dadi manager-e pabrik lengo,
Uripe sugih bondho donya,
Ning uripe ora maneh neng Jawa,
Ning neng Negara liya,
Neng negoro sing lambange gambar singo
Wingi tahun rongewu wolu,
Wong loro wis mulai ketemu,
Peni sing tambah ayu,
Dedeg piyadeg-e tambah mateng masiyo wis dadi ibu,
Yen mesem akeh wong sing kepingin melu,
Ora peduli wis duwe anak telu.
Semono ugo Supangat , tambah kangen alias rindu,
Pas ono dines alias nganggo tiket gratisan,
Peni karo Supangat nuli janjian,
Ketemu neng tempt sing dirahasiakan,
Dalam waktu dan jam yang sudah di tentukan,
Mulo wong loro nuli kangen-kangenan.
Crito ngalor ngidol berduaan,
Ono sambungane

Sabtu, 04 September 2010
Pitutur Gawe Sedulur – Ojo Neko-neko
Siro lair ono donya,
Ora nggawa apa-apa,
Ugo ora ngerti apa-apa,
Mula iku ngrumangsanono,
Urip kudu duwe cekelan,
Yen boso keren-e kudu duwe pedoman,
Pedoman sing duwe jaminan,
Jaminan urip slamet donya lan urip neng alam kelanggengan,
Mulane kudu manut dhawuhe Pangeran
Bondho donya iso lungo,
Pangkat iso oncat,
Drajat iso minggat,
Kabeh mau amung titipan soko ngarsane Pangeran,
Urip neng donya ojo neko-neko,
Yen urip mulyo mbok yo sing prasojo,
Iman lan taqwa gondhelono,
Amal sholeh lakonono,
Nganti oncat nyawa iro,
Yen Urip siro ora sampurno,
Ugo urip kurang mulyo,
Ojo nutuh lan ojo ngresulo,
Tetep kudu dilakoni kanthi ikhlas ing roso
Ojo ulap marang gebyare donya,
Gebyar sing sering gawe ulap mata,
Tansah Syukur neng ngarsane Pangeran,
Dene kok isih di paringi penguripan,
Isih diparingi oksigen sing gratisan,
Coba dietung kudu mbayar piro yen ono tarikan
Iso-iso dodol omah kontrakan....

Sabtu, 28 Agustus 2010
Pitutur Gawe Sedulur - Cengkre
Weruh tonggone tuku tipi, malah iri,
Weruh konco tuku gelang, atine melang-melang,
Weruh tanggane tuku kalung, nangise melung-melung,
Weruh koncone tuku sapi, diomongne jare hasil korupsi,
Weruh tonggone tuku mobil, atine sengkil,
Weruh koncone tuku colt, atine medongkol,
Weruh tonggone tuku Avanza, atine tambah merana,
Weruh tanggane tuku Mobil Rush, Atine tambah panas,
Weruh tanggane tuku Fortuner, sirahe tambah munyer,
Weruh tanggane tuku Alphard, rasane donyane koyo kiyamat,
Weruh tonggone tuku anting-anting, atine dadi kriting,
Weruh tanggane sepedah, dadane malah mengangah,
Weruh tonggone duwe bojo ayu, jarene mokmenawa iso dituku,
Weruh tonggone golek utangan, malah metu ethok-ethok lelungan,
Weruh tanggane ora kepenak awak, atine surak,
Wruh tonggone budhal ngaji, malah loro tekanan darah tinggi,
Weruh tonggone budhal neng masjid, ethok-ethok ora ngerti karo nyingit,
Weruh tonggone nglakoni poso, jarene kelakuane wong sing ora duwe bondho,
Weruh tanggane budhal kaji, awake langsung mati...

Senin, 23 Agustus 2010
Pitutur Gawe Sedulur – Tiket
Iki wulan Romadhon alias wulan poso
Wulan sing di mulyaknye dening kang Maha Kuoso
Riyoyo sedelo maneh wis teko,
Akeh sing wis siap sediyo
Ugo akeh sing wis noto jajan neng mejo,
Sing neng adoh paran mulai uber-uberan,
Kabeh pengin riyayan,
Riyayan neng tanah kelahiran,
Ora ketang entek-entekan,
Duit THR ugo duit Gajian,
Yen kurang yo golek utangan,
Tiket pesawat regane keliwat-liwat,
Tiket kapal laut sopo wae iso katut,
Yen wis numpak akeh sing mrengut,
Tiket sepur regane angel di ukur,
Iki wis kesuwur mergo iso di atur,
Kawo wong ngisor ugo wong ndhuwur.
Tiket bis antrine ora uwis-uwis,
Ono jurusan semarang utawa Ciamis,
Tiket Neroko regane larang,
Nanging anehe sing seneng pirang-pirang
Tumindak dosa sak dalan-dalan,
Iku tandhane godhane setan,
Ngajak menungso neng dalan kasengsaran,
Suwargo tansah mengo lawange,
Dicawisne kanggo sopo wae,
Sok sopo sing kuat imane,
Lan becik nalar lan atine,
Rikolo urip neng alam donyane
Tiket suwargo regane murah,
Nanging anehe akeh sing wegah
Tumindak becik akeh godhane,
Lan akeh sing abot nindakne,

Pitutur Gawe Sedulur – Nutup Aurot
Iki pitutur gawe para wanita,
Murih uripe mulya,
Kalis sing sambikala,
Naliko urip ing alam ndonya,
Kanthi pangajap ugo mulyo
neng jaman kono
Menawa siro lelungan,
Amrih aman teko godhane setan,
Ojo lali tansah kudungan,
Ojo mung digawe yen budhal pengajian,
Tindak kantoran yo kudu tetep jilbaban,
Iku tandane wong iman,
Ugo di gawe yen budhal sekolah,
Iki salah sijine tanda wong solihah,
Iki tuntutunan agama,
Mugo kabeh lakonono,
Dening awak iro lan sak kalawarga,
Ben kalis teko siksa geni ne neroko
Iki mono dhawuhe Pangeran,
Sing ditulis neng Al Qur’an
Yen percoyo monggo
Yen ora dipercoyo kyaine ora dosa
Sing penting kyai wis ngelingne,
Yen ono opo-opo tanggungen dhewe
Sampun.......
Murih uripe mulya,
Kalis sing sambikala,
Naliko urip ing alam ndonya,
Kanthi pangajap ugo mulyo
neng jaman kono
Menawa siro lelungan,
Amrih aman teko godhane setan,
Ojo lali tansah kudungan,
Ojo mung digawe yen budhal pengajian,
Tindak kantoran yo kudu tetep jilbaban,
Iku tandane wong iman,
Ugo di gawe yen budhal sekolah,
Iki salah sijine tanda wong solihah,
Iki tuntutunan agama,
Mugo kabeh lakonono,
Dening awak iro lan sak kalawarga,
Ben kalis teko siksa geni ne neroko
Iki mono dhawuhe Pangeran,
Sing ditulis neng Al Qur’an
Yen percoyo monggo
Yen ora dipercoyo kyaine ora dosa
Sing penting kyai wis ngelingne,
Yen ono opo-opo tanggungen dhewe
Sampun.......
Senin, 07 Desember 2009
Pitutur Gawe Sedulur - Part XI
Amenangi mosek'ing bumi,
menungso lali marang titahing Gusti
lan dhawuhe Kanjeng Nabi,
luwih nggugu tipi tinimbang pituture kyai,
luwih seneng nonton Miyabi tinimbang ngaji,
Kitab Suci mung kanggo hiasan lemari...
Institusi kanggo brantas korupsi,
KPK lan polisi, podho congkrah rebutan rai,
wus podho lali yen kabeh bakale mati,
amarga naliko sekolah ra diwulang budi pekerti,
kawulo alit mung mbrebes mili,....
Bocah2 saiki isih cilik wis podho brai,
yen dolan mulihe podho wengi,
marang wong tuwo ora ngajeni,
malah kadhang kumowani,
Ealah jamane wus edan,
koran lan ramalan luwih dipercoyo tinimbang Al Qur'an,
wong wadon wis lali pupuran,
wong lanang podho anting-antingan,
tante2 lan om-om podho duwe simpenan....
yen konangan jenenge selingkuh yen ora jenenge selingan,
bocah sekolah akeh sing ra prawan,
Menungso wis ra ono bedane karo setan,
Yen ra melu edan jarene ra kumanan,
Bocah sekolah gaweane mung tawuran, pacaran,
lan mbolosan,
Yen wis iso mabuk jare jempolan,
yen wis tau congkrah jarene jagoan,
Dhawuhe guru ora dipaelu,
Jarene guru digugu lan ditiru,
nanging ugo ono guru sing wagu tur saru,
Murid-muride dikongkon nyumbang jarene nggo tuku buku,
kasunyatane nggo tuku glugu,
yen ora gelem iso ra entuk sinau,
ning mboten sedoyo sing ngoten nikuuuu,
Mugo2 sedoyo isih diparingi eling,
mikire sing bening-bening,
mugo2 isih mangerteni pigunane uteg lan kuping,
yen ngendikan ora koyo lambe guwing,
yen mikir mboten kados maling,
yen tumindak kanthi pamikir wening,
Santen gulane klopo,
cekap semanten atur kawulo,
Anggitane mas Gepeng

Jumat, 04 Desember 2009
Pitutur gawe Sedulur - Part X
Duh Gusti kulo nyuwun lumunture sih Panjengan,
Dosa-dosa kulo kathahe mboten kantenan,
Asring sanget kulo ninggal kewajiban,
Kewajiban ingkang kedah dipun lampahi damel alam kelanggengan
Wayah jama’ah Subuh
Kula mulai ewuh,
Siap-siap badhe budhal pados butuh,
Kadang sampun siang kulo mboten weruh,
Sholat subuh........?? yo embuh
Wayah sholat dhuhur,
Kula wonten sawah taksih ewuh tandur,
Nggarap sawahe sedulur,
Kersane yen panen urip kulo saget makmur,
Wayah adzan ashar,
Kulo taksih wonten pasar,
Kadhang ngantos lali lek menungso bakale modar,
Asring kesupen kalih Dzat Ingkang Ghofar,
Wayah sholat maghrib,
Kulo taksih sekeco anggen kulo ngarit,
Kersane ingon-ingon kulo tetep urip,
Asring kulo ngalekne sing nyiptakne huruf Alif,
Adzan jama’ah Isya’
Kula repot ngajari anak,
Kersane uripe mnagke mulyo lan kepenak,
Tobat...tobat,
Duh Gusti duh Pangeran,
Kulo taksih nguber seneng kadonyan,
Mboten nate kulo nekani pengajian,
Mboten nate kulo ngrewes ajakan dateng kebajikan,
Wayah Adzan subuh kula taksih wonten dipan
Aras-arasen amerga karipan,
Kulo ajrih lek tangi enjing saget ngganggu kesehatan,
Wayah adzan duhur kulo taksih megawe wonten tegalan,
Kulo sibuk ngurus taneman,
Badhe sholat eman-eman badan lan rasukan kebak kotoran,
Wayah adzan ashar kulo taksih gayeng jagongan,
Kalih konco lan tonggo kiri kanan,
Eman-eman menawi sholat kulo mboten kebagean,
Wedi kelangan lek wonten dum-duman ganti rugi gusuran,
Wayah sholat magrhib kulo taksih ewuh nyiapne makanan,
Damel njaga kesehatan wonten urip bebrayan,
Kulo mboten purun keluarga kulo kurang gizi terus dados pawarto koran
Sholat Isya kulo taksih nyiapne rasukan,
Damel nekani wonten undangan,
Wonten undangan mantenan lan undangan sunatan,
Eman-eman lek mboten dugi mboten kebagian kerdusan.
Oh gusti oh Ingkang Murbeng Dumadi,
Mugi-mugi panjenengan tansah paring pangaksami,
Dateng kawulo ingkang dhoib niki,
Kulo taksih pengin lelaku utami,
Kulo taksih niyat munggah kaji,
Dateng tanah Suci,
Ingkang dipun anjuraken kaliyan kanjeng Nabi,
Duh Gusti duh Pangeran Ingkang Maha Wikan,
Mugi-mugi panjenengan tansah paring pangapura penjenengan,
Saben dinten kulo ngresulo kados tiyang ingkang mboten nriman,
Kamangka rahmat Panjenengan
Kathah sampun mboten wilangan,
Duh gusti ingkang Ghofar,
Mugi-mugi panjenengan nebihne kawulo saking sifat nasar,
Tinebihno saking omongan lan lelaku kasar,
Sampun ngantos keimanan kulo bubar,
Mugi Panjenengan tansah maringi kulo ageman sabar,
Amiiiiiin... ya robbal ’alamin

Kamis, 12 November 2009
Pitutur gawe Sedulur - Part IX
Ojo dupeh kowe kuwasa,
Terus solahmu dadi kumawasa,
Ngelingono yen kowe ora kuwasa,
Mangan enak ae malah ora kerso.
Ojo dupeh kowe iso nahan,
Ugo duwe hak penyidikan,
Terus nggampangke uwong dilebokne neng tahanan,
Elingono yen kowe salah sasaran
Iso-iso kowe dhewe sing mlebu pakunjaran
Ojo dupeh kowe duwe bala akeh,
Terus rumangsa kabeh kelakuanmu mesti beneh,
Elingono yen wis ora njabat maneh,
Kadangkala disawang tangga dadi wong aneh
Ojo dupeh kowe penggedhe lan duwe posisi,
Mrono-mrene nggawa amunisi,
Terus kekancan karo pelaku korupsi,
Mrono mrene tumpakanmu mobil mercy,
Gawe hP apik merk blekbery
Apes-apese gawe Nokia seri E pitu siji
Jarene koran oleh dana teko Bank Century,
Ugo jarene uwong yen lagi diskusi,
Ning emoh ngakoni yen kuwi laku korupsi,
Malah golek pawadan ben KPK iso mlebu bui,
Syukur-syukur lek KPKne iso diberesi,
Ben ora ono sing ngribeti,
Ugo ora ana sing kgurusi,
Sing penting iso kongsi,
Lan iso terus nambah komisi,
Elingo piwalese Kang Maha Adil,
Kowe pancen saiki lagi nyekel bedhil,
Ning elingono yen nganti kliru urusanmu karo malaikat Mikail,
Yen nyoto salah ragamu iso di cuil-cuil,
Nganti cilik kaya upil,
Kalah mulyo karo urip lan matine si kancil
He..he..he....

Pitutur Gawe Sedulur –Bab Togog
Iki crito negeri Ngamarta,
Rajane jenenge Si Bambang naraYana,
Kawulane akehe saiki tan kinira,
Watara saiki wis telungatus yuta,
Salah sijine jenenge Togog Sarawita,
Negarane sugih, gemah ripah lohjinawi tanpa upami,
Prasasat apa sing di tandur bakale tuwuh tur dadi gedhi,
Sumure lenga ana ngendi-ngendi,
Prasasat nganti ora iso dietung nggawe driji,
Penguripane yo maneka warna,
Ana sing dadi petani yo uga ana sing dadi nayaka praja,
Ana sing sugih lan akeh sing uripe mung saderma,
Akeh sing sugeh mblegedu,
Prasasat bandhane ora entek di pangan anak putu susun pitu
Uga akeh sing ora duwe omah,
Isone duwe yen acara bedhah rumah,
Sing sugih bingung anggone blanja
Sing kesrakat bingung anggone golek upo,
Soale ora kecipratan duite lengo,
Ning iki during sepiro,
Ono maneh sing luwih nggarahi ngresulo,
Saiki nayaka prajane lagi udrek2an,
Mburu benere dhewe durung karuan,
Sing siji rumangsa ora trima yen dadi rasan-rasan,
Soale sih di arah malah cedek karo wartawan,
Sing sijine ora trimo terus ngetokne ‘Surat Perintah Penahanan’,
Akeh wargane sing rumangsa kelangan,
Soale iki iso nggarahi kapitunan,
Kapitunan neng pemerintahan,
Uga kapitunan neng babagan keuangan.
saiki dadi sorotan neng tivi ugo neng koran
Muga kabeh iso diparingi sabar,
Muga sabeh iso ngrumangsani,
Iki mono masalah sing ora kena digawe urusan ‘sepasar bubar’,
Para nayaka praja iso luwih mentingne kepentingan nagari,
Tinimbang kepentingan diri pribadi lan kepentingan anak istri,
Opo maneh kepentingan partai,
Ojo nganti kahanan nagari
Dadi rusuh lan nggegirisi,
Eman-eman tatanan urip sing wus mulai rapi,
Ning malih dadi rame kaya pawarto neng tivi
Yen wis ngene mestine ono sing seneng,
Soale Nayaka praja ora iso nindakne kewjibane,
Ning kawulone akeh sing ora mudheng,
Mangga di tunggu pungkasane,
Kawulo mung iso alok,
Crito ngedabrus neng warung kopi dikancani rokok,
Mahasiwane padha demo karo bengak-bengok,
Para warga mung iso ndelok,
Mestine ono Togog sing lagi keplok,
Mergo tatanan negoro iso di obok-obok,
Karep ben negoro dadi bobrok,
Oh …Togog….Togog…..
Aku saiki malih dhelog-dhelog…..
Apa pancen kowe sing pancen pinter, apa bangsaku sing Goblok?
Suwun

Pitutur Gawe Sedulur VIII
Iki jaman jaman SBY,
Akeh bocah wedok ketok udele,
Modele klambi kurang bahane,
Yen dielingne jare model ngene iki sing nggarahi PD,
Sik akeh sing nggawe rok mini,
Jare modele wong irit lan gemi,
Bahane ora ngentek-enteki,
Mung butuh bahan patangpuluh senti,
Yen numpak angkutan malih dadi bingung,
Lungguhe ora jenak kepikiran barange wis ketutup apa durung,
Ora maido lek ndelok terus ana sing manggung,
Ning untunge sik tetep neng njero sarung,
Budhal tekan omah pamit sekolah,
Ning malah dolanan neng sawah,
Pamite kuliah,
Lha kok malah muntah-muntah,
Sedhela maneh metu bocah,
Pancen tatanan urip wis owah.

Kamis, 17 September 2009
Pitutur Gawe Sedulur Part VI
Sedulur kakung lan pawestri,
Sedhela maneh tanggal sing di enteni,
Tanggal 8 Juli tahun iki,
Akeh sing neng penanggalane wis dibunderi,
Embuh gawe spidol utawa pulpen mangsi,
Ing tanggal sing wis dianti-anti,
Kabeh warga ing sampe pelosok nagari,
Kabeh pengin migunakne hak azasi,
Hak pribadi kanggo milih presiden sejati,
Anggoni milih sing ngati-ati,
Pilihan 5 tahun maneh ora bakal dibaleni,
Anggoni milih nganggo hati nurani,
Oleh milih sopo wae sing disenengi,
Sing gawe kopyah apa sing gawe peci
Sing gawe brengos apa sing dicukur rapi,
Oleh milih sing ngumbar seneng janji-janji,
Ugo oleh milih sing sok dadi oposisi
Muga muga dulur ora ana sing golput,
Kanggo milih pemimpin sing di iso anut,
Supaya kemajuan negri ora surut,
Ben ora disawang negara tangga yen kaya negarane liliput
Muga muga sing dipilih uga tahu diri,
Nindakne kewajiban kanthi premati,
Janji-janjine ora diblenjani,
Ngayahi kewajiban gawe kemakmuran warga sami,
Lan rumangsa nindakne kewajiban rakyat dudu kewajiban famili,
Dudu digawe njaga gengsi,
Uga dudu di gawe memperkaya diri,
Uga dudu saderma gawe kepentingan partai,
Uga dudu digawe golek rabi atawa istri lagi
Muga – muga presidene olehe nindakne kewajiban ora kanthi ngawur,
Uga ora kanthi nglantur,
Mugo nindakne kewajiban kanthi rasa ikhlas lan rasa syukur,
Nindakne kautaman kaya tuntunane kitab suci sing luhur,
Di barengi karo laku sing tafakur,
Muga-muga negarane ayem tentrem loh jinawi lan makmur,
Ba’dlatun toyyibatun warrobbun ghoffur,

Selasa, 14 Juli 2009
Pitutur gawe sedulur Part Pilpres (dudu IV)
Iki crito jaman pilpres,
Koyo jamane lagi kontes
Calon-e wis padha paes,
Ana sing teko jawa yo ana sing teko Celebes
Kabeh calon ngaku sing paling pantes,
Sing awake kuru ngaku komes,
Sing duwe penyakit ning ngaku tahes,
Ora ana sing gelem diarani rembes,
Ngalor ngidul kampanye koyo sales,
Angger barang payu wis beres,
Kampanyene sok nanggap orkes,
Olehe ngumbar janji nganti idune netes,
Ngilokne mungsuhe dikandhakne kaya bedhes,
Team kampanyene biasane renes
Kampanye neng lapangan sukete nganti ludhes,
Merga di iles-iles.
Akeh janjine sing ora iso direwes,
Kadang nggarahi weteng dadi mules,
Muga-muga kabeh calon ngomonge sing pantes,
Yen kates diomongne kates,
Yen tales yo diomongne tales
Ojo kok njur barang garing dikandhakne teles,
Mugo2 kabeh omongane di cathet neng notes,
Kanthi tulisan kang gedhe lan mandhes,
Ben olehe nekani janjine ora males,
Olehe nyambutgawe sing teges,
Yen wis dadi, muga-muga olehe ngayahi kewajiban ora nganti lara tipes,
Lan ora malih mblebes,
Muga muga kabeh ora duwe pikiran ngeres,
Lan Muga-muga ora ngomong,
“Wes-ewes-ewes bablas angine…”
Catatan :
Komes = Semok, montok, pupuk njenor ( basa Malangan )
Tahes = Sehat (boso Malangan)
Renes = Sering oleh2an, yo oeleh duit yo oleh panganan (Basa Nggalekan)

Minggu, 28 Juni 2009
Pitutur Gawe Sedulur Part V
Iki crita jaman biyen,
Akeh bocah ora klamben,
Umume terus ora kopen,
Akeh sing mik iso adus ana kalen,
Yen sing apik sithik aduse ana lepen,
Sing akeh kurang vitamin terus dadi lalen,
Turune mung ana amben,
Yen nandang lara nganti sasen,
Mangan enak amung impen,
Yen mangan enak kudu ngenteni panen,
Apes-apese ngenteni undangan kenduren,
Untung ora nganti mangan damen,
Jarang wong sing iso macak keren,
Ora ana sandal ananne mung klompen,
Ora ana roti anane mung klemben,
Ora duwe sepedha onthel, yo ben,
Kemajuan jaman saiki,
Kemakmuran di sana-sini,
Penghasilan mesti tambah saben sasi,
Akehe mall wis ora kena di itung driji,
Akeh sing iso nyemir rambute kanthi warna-warni,
Sepatu saben dino iso ganti
Ning sik ana sing aduse neng kali
Yen pengin mangan enak kari ngundang pramusaji,
Neng rumah makan cepat saji
Sepedha motor neng endi-endi,
Saben omah duwe luwih teko siji,
Malah wis akeh sing duwe mobil pribadi,
Ora peduli yen gawe polusi,
Akeh sing duwe telpon canggih merk Blackberi,
Sing duite cekak ning pengin gaya cukup gawe Blueberi
Ora peduli tuku kredit apa tunai,
Kadang malah ora peduli barang halal apa hasil korupsi,
Pokoke demi gengsi,
Samubarang dilakoni,
Emane menungsa njur akeh sing lali,
Karo kekuasane Gusti Kang Murbeng Dumadi,
Rumangsa kabeh mau hasi kerja sendiri,
Ora rumangsa oleh Ridho Illahi,
Uga akeh sing nglalekne maca kitab suci,
Jare maca Al Qur’an nggarahi alergi,
Kadhang ora sempat mergo nonton acara tivi,
Jare ngaji urusane da’i
Mangkane akeh masjid saiki wis ora ana wong ngaji,
Ning lek maca koran kuat sampe bengi,
Kadhang kegawa sampe ngimpi,
Merga ana berita – berita sensasi
Lan ana photo bintang film sing seksi,
Contone nonton beritane Manohara si Selebriti,
Gegeran karo Tengku Mohamad Fahri,
Utawa beritane Cici Paramida karo Suhaebi,
Akeh sing lali kewajiban diri,
Dijak sholat fardu neng masjid malah nglungani,
Nganti mesjid tambah sepi,
Jare sholat kuwi pekerjaane kyai,
Kamangka sholat fardu ngono lelaku sing utami,
Kaya dhawuhe hadis Kanjeng Nabi,
”Yen apik amalan sholat e, dianggep apik kabeh amalan kita sami”
Uga dhawuhe Kitab suci,
” Sholat mono iso tindakan kang munkar lan tindakan keji ”
Muga kabeh ora dadi getun ketemu mburi.

Kamis, 11 Juni 2009
(Dudu ) Pitutur Gawe Sedulur Part III
Amenangi jaman edan
Yen ora edan ora keduman,
Yen melu edan
Urip malah ora karu-karuan
Sanepan ngisor iki gatekno temenan,
Cah enom padha ugal-ugalan,
Rambute diingu dowo-dowoan,
Kupingi di cacah diisi tindikan,
Irunge di bolong kaya sapi brahman,
Yen awan turu bengi braokan,
Karo nyekel gitar lan botol miras terus ndem-ndeman,
Akeh sing ora lego terus nggawe oplosan,
Ora wedi masiyo wis akeh korban,
Lambene ora mandheg olehe rokokan,
Kadhang akeh sing nggawe suntikan
Olehe tuku rego gram-graman
Ora seneng olahraga jenis bal-balan gawe njaga kesehatan
Lagak lageyane koyo majikan
Awake di gambare kebak tatoan
Lek dielingne paman
Kandhane “Man aku mono artise sinetron perkembangan anak jaman”
Ning yen kentekan duit terus nyamber memean.
Sing cah wedok ugo emoh ketinggalan,
Rambute dipotong model Pierce Brosnan,
Klambine cekak model You can see –an
Kadang nganti ketok lek bar kerokan,
Koyo ora ketoro lek nggawe pakaian
Susune ketok koyok gunungan,
Numpak sepedha motor sambi sms-an,
Nggawe kathok cendhek model kuthungan,
Lambene nggawe benges kandel memper iwak lou han
Saben dino gaweyane rasan-rasan, terkadang sinambi petan,
Pengin urip penak kaya juragan,
Ning emoh golek gaweyan,
Akeh sing terus dadi simpenan,
Urip sak omah tanpo ikatan,
Jare ribet ngurus surat neng kelurahan,
Opo maneh neng kecamatan
Jare nikah mono model ketinggalan jaman,
Malah sok ono sing dadi lesbian
yen ngene wis mesti akeh sing nglirwakne kewajiban
Semono uga sing dudu nom-noman,
Bubar kerja Sabendino jalan-jalan,
Neng mall utowo neng pertokoan
Lirak-lirik golek sasaran,
Golek sing gelem dijak bobok-bobok awan
Golekane sing isih prawan,
Ora rumangsa wajah pas-pasan,
Ora eling anak neng omah cacah welasan
Ora peduli tanggal tuwek utawa bar gajian,
Ugo ora peduli yen wis cedhak karo maesan
Nganti ora eling wayah jum’atan
Kadang direwangi nerak aturan
Dianggep cah wadon koyo panganan,
Iso di tuku koyo tuku jajan,
Ugo iso disuguhne gawe rekanan,
Wis ora eling karo pituture ustadz pas pengajian,
Sing penting oleh kenikmatan,
Sing dipikir mulyo lan mukti kadonyan,
Yen wis ngene akeh sing nglirwakne kewajiban,
Utamane kanggo wong sing duwe kerjaan,
Lan uga sing duwe jabatan,
Dupeh sugih dhuwit, sembarang karep kudu keturutan,
Yen wis ngene iso diarani rupo menungso ning kelakuan kewan,
Semono uga sing duwe pangkat,
Akeh sing lali kewajiban sholat,
Ning mesti wis nate ngucap syahadat,
Apa maneh nglakoni tirakat,
Intine lali karo Gusti kang akaryo jagat,
Budhal senin mulih jum’at,
Kadhang akeh sing nganti dino akad,
Ngakune neng kantor akeh rapat,
Ning nyatane digawe ngumbar syahwat,
Nganti duite kantor akeh sing disunat,
Digawe sobo neng panti pijat,
Jare kesel melayani masyarakat,
Padahal kesel olehe laku bejat,
Sing di umbar lungo neng pijat aurat,
Ora peduli siksa akhirat,
Ora eling anak wis papat,
Sing penting nuruti nkmat lan iso muncrat
Semono uga gawe wong wadon,
Rumangsa duwe daya tarik kaya madu tawon,
Ora rumangsa yen awake lemu ginuk-ginuk kaya babon
Turut mall ngangge klambi tipis ben kabeh katon
Akeh sing wis ora gelem sobo pawon,
Ora rumangsa kudu ngerti perasa merk Miwon,
Yen mlaku neng mall rumangsa ora ana sing wani takon,
Kadang yen ana sing nglirik terus gelem dijak kelon
Ana sing pengin cepet sugih terus dadi balon
Jarene urusan sex di anggep koyo dolanan dakon,
Angger duwe dhuwit iso kelakon (kelon),
Ketemu kanca lanang langsung lungguh pangkon,
Terkadang di tersune nganti rempon,
Ora wedi karo dzat sing ora katon,
Ora eling yen wancine mujur ngalor madhep ngulon,
Di bungkus kafan ditaleni ngisor dhuwur dadi wedhon.
Iki tulisan ojo dianggep temenan,
Dianggep ae guyone cah edan,
Wong gaweyanku saben dino mik cangkrukan,
moco koran karo fesbukan,
Wong aku ora nate mangan sekolahan,
Ugo ora nate moco Al’Quran,
Ora nate ngrungoke wong kataman,
Ora nate nekani pengajian
Iki tulisan sadermo parikan,
Iki parikan naliko aku lagi eling Gusti Pangeran,
Ning ora dadi apa yen maca iki konco-konco terus ngguyu cekikikan,
Wis semene dulur,
Iki dudu pitutur,
Iki mono tulisan naliko nglindur,
Kedadeyan wis mataun-taun kepungkur
Ojo ditiru yen ora kepingin ajur
Muga-muga kabeh eling yen ora ngerti kontrak umur
Sepisan maneh iki dudu pitutur,
Ora pantes aku ngatur,
Iki tulisan amung ngawur,
Ora kok mergo kepingin misuwur,
Ugo ora mergo ilmuku wis dhuwur,
Iki tulisan merga aku ora nate tafakur,
Iki sakjane pas aku lagi mendem susur.

Kamis, 04 Juni 2009
Pitutur Gawe Sedulur Part II
Enake dadi penyuluh
Yen ngendikan ora kober misuh
Neng eleke dadi penyuluh
Wayah subuh ditangekne “Pak wis wayah subuh”
Malah dijawab “ opo Bu, imbuh??”
Enake dadi kondektur,
Wayah nempur ora kober mundur,
Eleke dadi kondektur
Wayah duhur di undur-undur,
Kadang malah sampek wayah kondur
Enake dadi sodagar
Zakate mesti dibayar
Eleke dadi sodagar
Wayah ashar malah sik tetep dhasar neng pasar
Apike dadi pak Naib
Mesti eling karo sing ‘Ghoib”
Eleke dadi Naib,
Wayah Maghrib isik ngenteni lampune urip
Apike dadi pak sopir
Setire dicekel ben ora muntir sinambi dzikir,
Eleke dadi pak sopir,
Wayah sholat ora kober mampir
Yen dielingne malah kandha “engko wae bareng sholat witir”
Apike wong dodol kolak
Tansah syukur merga uripe kepenak
Neng eleke dadi wong dodol kolak
Wayah isya’ sering selak
Kadang ora kober mergo akeh garapan sing ora iso ditolak
Ngelingono neng akhirat
Ora ana Jus Apokat,
Opo maneh rondho liwat
Anane siksa akherat
Lan gadane malaikat
Ayo dulur podho Sholat,
Kanggo sangu neng Akherat,
Apa maneh sholat jama’ah
Luwih akeh pahalane teko Allah.

Pitutur Gawe Sedulur
Ojo dupeh kowe bagus,
Njur solahmu dadi gemagus,
Ngelingono yen ora adus,
Ambumu klebus,
Koyo wedhus,
Rupane ora rata memper irus,
Iso ngiler iso ngingus,
Ora ana sing gelem ngambus,
Ojo dupeh kowe ayu,
Njur tingkahmu dadi kemayu,
Ngelingana yen wis wayu,
Untumu kari telu,
Pipimu wis ora lemu
Wis ora iso di bedakne endi weteng endi susu,
Umpamane barang didol wis ora payu,
Sing gelem ngambus mung karo kari asu.
Ojo dupeh kowe pinter,
Njur polahmu dadi keminter,
Elingno yen kowe wis Ora iso mlaku banter,
Isone mung Muter-muter,
Kaya Es puter sing ora munyer,
Nyekel senter wae tangane ngedher,
Wis ora ngerti penake numpak “Land Cruiser”
Umpamane manuk wis ora iso miber
Ojo dupeh kowe nggantheng,
Terus polahmu sok gemantheng
Ngelingono yen awakmu ireng,
Persis koyo areng,
Wis ora ana sing gelem mandeng,
Apa maneh yen lampune wis peteng
Yen teko kadohan persis budheng
Uga Kaya kodok klelegen wereng
Ojo dupeh kowe sugih,
Terus polahmu dadi semugih,
Ngelingono yen wayahe mulih ( *baca : mati)
Sing ngeduse ora iso milih,
Opo sing kereng apa sing welas asih
Opo sing ireng apa sing putih,
Opo sing gawe clana apa sing gawe tapih (tapih= sewek= kain jarit)
Ojo dupeh kowe elek
Terus solakmu dadi kemenyek,
Ngelingono yen sliramu tuwek,
Pipimu ngropek,
Untumu entek,
Lambemu mewek,
Ditambah loro bengek,
Persis kaya thethek melek ( baca : barongan, jathilan)
Wis blas ora ana sing kenek di pek
Sampek-sampek ora iso dibedakne apa susu apa peyek.
Ayo dulur padha eling,
Karo sing gawe urip.
Sak durunge awake nggoling,
Yen wis donyane wanci magrib,
Sedhela maneh donya ndang sepi mamring ( mergo kiamat)
Ayo dulur padha tobat,
Sakdurunge teko kiamat,
Di awali maca syahadat,
Diterusne kanthi sholat,
Uga mbayar kewajibane zakat,
Nglakoni pasa ing wulan romadhan sing penuh rahmat,
Budal Haji kanggo sing duwe bondo kang murwat.
Muga-muga Allah ijabahi,
Tobat lan ibadah kita sami,
Mergo Uripe awake dhewe wis ora suwi,
Mulane wis padha mandheg anggone korupsi

Langganan:
Postingan (Atom)