Toko kecil-kecilan

Sabtu, 28 Agustus 2010

Pitutur Gawe Sedulur - Ojo Serakah

Wong tani kudu sregep macul,
Pengin sugih ojo ngingu thuyul,
Pari lan sawah di openi,
Oleh rejeki sithik digemeni,

Sing pedagang ojo curang,
Ojo nganti ngurangi yen lagi nimbang,
Yen ngerti siksane wong ngurangi (timbangan),
Ora bakal ono wong sing wani nglakoni,

Sing pejabat ojo khianat,
Ojo nganti korupsi duite rakyat,
Yen siksa akherat di ketokne saiki,
Mbok menawa ora bakal ono pejabat sing korupsi,

Golek bondho ,
Ojo nganti ngongso,
Sithik akeh sing ditompo,
Ojo nganti mangan hak-e wong liyo,

Bondho donya amung titipan,
Sugiho bondho mangane tetep sakpulukan,
Yen Mati amung butuh kain kafan sepuluh meteran,
Di kubur yo mung butuh 2x1 meter ukuran,

Rejeki akeh sithik kudu disyukuri,
Kabeh kudu digemeni,
Ojo nganti kelewat siji mboko siji,
Yen wis akeh iso digawe lungo kaji,

Amiiin yaa robbal alamin.

Tidak ada komentar: