Toko kecil-kecilan

Sabtu, 28 Agustus 2010

Pitutur Gawe Sedulur - Cengkre

Weruh tonggone tuku tipi, malah iri,

Weruh konco tuku gelang, atine melang-melang,

Weruh tanggane tuku kalung, nangise melung-melung,

Weruh koncone tuku sapi, diomongne jare hasil korupsi,

Weruh tonggone tuku mobil, atine sengkil,

Weruh koncone tuku colt, atine medongkol,

Weruh tonggone tuku Avanza, atine tambah merana,

Weruh tanggane tuku Mobil Rush, Atine tambah panas,

Weruh tanggane tuku Fortuner, sirahe tambah munyer,

Weruh tanggane tuku Alphard, rasane donyane koyo kiyamat,

Weruh tonggone tuku anting-anting, atine dadi kriting,

Weruh tanggane sepedah, dadane malah mengangah,

Weruh tonggone duwe bojo ayu, jarene mokmenawa iso dituku,

Weruh tonggone golek utangan, malah metu ethok-ethok lelungan,

Weruh tanggane ora kepenak awak, atine surak,

Wruh tonggone budhal ngaji, malah loro tekanan darah tinggi,

Weruh tonggone budhal neng masjid, ethok-ethok ora ngerti karo nyingit,

Weruh tonggone nglakoni poso, jarene kelakuane wong sing ora duwe bondho,

Weruh tanggane budhal kaji, awake langsung mati...

Tidak ada komentar: