Toko kecil-kecilan

Kamis, 12 November 2009

Pitutur Gawe Sedulur VIII

Iki jaman jaman SBY,
Akeh bocah wedok ketok udele,
Modele klambi kurang bahane,
Yen dielingne jare model ngene iki sing nggarahi PD,

Sik akeh sing nggawe rok mini,
Jare modele wong irit lan gemi,
Bahane ora ngentek-enteki,
Mung butuh bahan patangpuluh senti,

Yen numpak angkutan malih dadi bingung,
Lungguhe ora jenak kepikiran barange wis ketutup apa durung,
Ora maido lek ndelok terus ana sing manggung,
Ning untunge sik tetep neng njero sarung,

Budhal tekan omah pamit sekolah,
Ning malah dolanan neng sawah,
Pamite kuliah,
Lha kok malah muntah-muntah,
Sedhela maneh metu bocah,
Pancen tatanan urip wis owah.

Tidak ada komentar: