Iki crito negeri Ngamarta,
Rajane jenenge Si Bambang naraYana,
Kawulane akehe saiki tan kinira,
Watara saiki wis telungatus yuta,
Salah sijine jenenge Togog Sarawita,
Negarane sugih, gemah ripah lohjinawi tanpa upami,
Prasasat apa sing di tandur bakale tuwuh tur dadi gedhi,
Sumure lenga ana ngendi-ngendi,
Prasasat nganti ora iso dietung nggawe driji,
Penguripane yo maneka warna,
Ana sing dadi petani yo uga ana sing dadi nayaka praja,
Ana sing sugih lan akeh sing uripe mung saderma,
Akeh sing sugeh mblegedu,
Prasasat bandhane ora entek di pangan anak putu susun pitu
Uga akeh sing ora duwe omah,
Isone duwe yen acara bedhah rumah,
Sing sugih bingung anggone blanja
Sing kesrakat bingung anggone golek upo,
Soale ora kecipratan duite lengo,
Ning iki during sepiro,
Ono maneh sing luwih nggarahi ngresulo,
Saiki nayaka prajane lagi udrek2an,
Mburu benere dhewe durung karuan,
Sing siji rumangsa ora trima yen dadi rasan-rasan,
Soale sih di arah malah cedek karo wartawan,
Sing sijine ora trimo terus ngetokne ‘Surat Perintah Penahanan’,
Akeh wargane sing rumangsa kelangan,
Soale iki iso nggarahi kapitunan,
Kapitunan neng pemerintahan,
Uga kapitunan neng babagan keuangan.
saiki dadi sorotan neng tivi ugo neng koran
Muga kabeh iso diparingi sabar,
Muga sabeh iso ngrumangsani,
Iki mono masalah sing ora kena digawe urusan ‘sepasar bubar’,
Para nayaka praja iso luwih mentingne kepentingan nagari,
Tinimbang kepentingan diri pribadi lan kepentingan anak istri,
Opo maneh kepentingan partai,
Ojo nganti kahanan nagari
Dadi rusuh lan nggegirisi,
Eman-eman tatanan urip sing wus mulai rapi,
Ning malih dadi rame kaya pawarto neng tivi
Yen wis ngene mestine ono sing seneng,
Soale Nayaka praja ora iso nindakne kewjibane,
Ning kawulone akeh sing ora mudheng,
Mangga di tunggu pungkasane,
Kawulo mung iso alok,
Crito ngedabrus neng warung kopi dikancani rokok,
Mahasiwane padha demo karo bengak-bengok,
Para warga mung iso ndelok,
Mestine ono Togog sing lagi keplok,
Mergo tatanan negoro iso di obok-obok,
Karep ben negoro dadi bobrok,
Oh …Togog….Togog…..
Aku saiki malih dhelog-dhelog…..
Apa pancen kowe sing pancen pinter, apa bangsaku sing Goblok?
Suwun
Tidak ada komentar:
Posting Komentar