Toko kecil-kecilan

Jumat, 04 Desember 2009

Pitutur gawe Sedulur - Part X

Duh Gusti kulo nyuwun lumunture sih Panjengan,
Dosa-dosa kulo kathahe mboten kantenan,
Asring sanget kulo ninggal kewajiban,
Kewajiban ingkang kedah dipun lampahi damel alam kelanggengan

Wayah jama’ah Subuh
Kula mulai ewuh,
Siap-siap badhe budhal pados butuh,
Kadang sampun siang kulo mboten weruh,
Sholat subuh........?? yo embuh

Wayah sholat dhuhur,
Kula wonten sawah taksih ewuh tandur,
Nggarap sawahe sedulur,
Kersane yen panen urip kulo saget makmur,

Wayah adzan ashar,
Kulo taksih wonten pasar,
Kadhang ngantos lali lek menungso bakale modar,
Asring kesupen kalih Dzat Ingkang Ghofar,

Wayah sholat maghrib,
Kulo taksih sekeco anggen kulo ngarit,
Kersane ingon-ingon kulo tetep urip,
Asring kulo ngalekne sing nyiptakne huruf Alif,

Adzan jama’ah Isya’
Kula repot ngajari anak,
Kersane uripe mnagke mulyo lan kepenak,
Tobat...tobat,

Duh Gusti duh Pangeran,
Kulo taksih nguber seneng kadonyan,
Mboten nate kulo nekani pengajian,
Mboten nate kulo ngrewes ajakan dateng kebajikan,

Wayah Adzan subuh kula taksih wonten dipan
Aras-arasen amerga karipan,
Kulo ajrih lek tangi enjing saget ngganggu kesehatan,

Wayah adzan duhur kulo taksih megawe wonten tegalan,
Kulo sibuk ngurus taneman,
Badhe sholat eman-eman badan lan rasukan kebak kotoran,

Wayah adzan ashar kulo taksih gayeng jagongan,
Kalih konco lan tonggo kiri kanan,
Eman-eman menawi sholat kulo mboten kebagean,
Wedi kelangan lek wonten dum-duman ganti rugi gusuran,

Wayah sholat magrhib kulo taksih ewuh nyiapne makanan,
Damel njaga kesehatan wonten urip bebrayan,
Kulo mboten purun keluarga kulo kurang gizi terus dados pawarto koran

Sholat Isya kulo taksih nyiapne rasukan,
Damel nekani wonten undangan,
Wonten undangan mantenan lan undangan sunatan,
Eman-eman lek mboten dugi mboten kebagian kerdusan.

Oh gusti oh Ingkang Murbeng Dumadi,
Mugi-mugi panjenengan tansah paring pangaksami,
Dateng kawulo ingkang dhoib niki,
Kulo taksih pengin lelaku utami,
Kulo taksih niyat munggah kaji,
Dateng tanah Suci,
Ingkang dipun anjuraken kaliyan kanjeng Nabi,

Duh Gusti duh Pangeran Ingkang Maha Wikan,
Mugi-mugi panjenengan tansah paring pangapura penjenengan,
Saben dinten kulo ngresulo kados tiyang ingkang mboten nriman,
Kamangka rahmat Panjenengan
Kathah sampun mboten wilangan,

Duh gusti ingkang Ghofar,
Mugi-mugi panjenengan nebihne kawulo saking sifat nasar,
Tinebihno saking omongan lan lelaku kasar,
Sampun ngantos keimanan kulo bubar,
Mugi Panjenengan tansah maringi kulo ageman sabar,

Amiiiiiin... ya robbal ’alamin

Tidak ada komentar: